Label

Selasa, 09 Desember 2014

Tempo

HOOOAAAM!
Esih kaya wene be ngantuk. . .

Oya, dina kie aku arep ngepos tentang kue sing neng judul, teyeng maca mbok?
Cekidot bae lah :)

Ana sing wis ngerti tempo kue apa? Sing rajin fingeringan neng studio mesti ngerti tempo kue apa. Ya, bener, tempo kue cepet alon lagu lah gampangane. tempo ana sing alon, ana sing sedeng, ana sing cepet. Terus alat sing nggo ngukur tempo arane Metronom. Ana sing ngomong alat sing nggo ngukur tempo kue Maelzel, tapi kue salah, Maelzel kue aran wong sing nyempurnakna alat ku sing wis degawe neng Wickel.

Terus penggolongan tempo kan mau ana 3, alon, sedeng karo cepet. Kue be esih de bagi mayan.
Sing alon kue ana:
Lento   : kie sing alon
Adagio : kie sing alone sedeng
Largo   : kie sing aloooon banget

Terus sing sedeng kue ana:
Andante  : kie kue de ibaratna kaya wong mlaku
Moderato: kie sing sedengan

Terus sing cepet kue ana:
Allegro    : kie sing cepet
Allegretto: kie sing patia cepet
Presto      : kie sing cepet banget

Terus ana maning seliane 3 kue mau. Ana mbok lagu sing ngarepe cepet dadi alon, apa ana sing alon dadi cepet? Kue arane tempo perubahan. Tempo perubahan kue ana 3:
Rittenuto (ritt)               : kie sing decepetna
Accelerando (accel)      : kie sing dealonna
A tempo (tempo primo): kie sing balik maring tempo awal.

Wis ya, semene disit. Wis kencot banget kie.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar